Monday, March 19, 2018

SRAWUNGIPUN DESO PAITAN KALIAN DESO GESIKAN


Srawung, Nek ngomong tetembungan srawung iku onone mung barang seng silir, alus, tentrem, podo le rakete. Sesrawungan antarane wargi deso paitan kaleh wargi deso gesikan kuwi rakete ibarate gambar kaleh ( 2 ) seng ono theng duit kencring 500 utowo 1000 rupiah.
Letake ono ing kecamatan kemiri, kabupaten purworejo, provinsine jawa tengah, deso loro iki nek secoro area geografise kur keletan turus ( roto2 turus ng deso kaleh meniko iki nganggo wit2an mojo utuwo tetean ), mergo ibarate wong tetanggan kuwi cerek / cedak / edep banget. Komunikasi ing sedoyo bab lan perkawis antarane desa paitan lan deso gesikan meniko saben dinone prosentasene dhuwur, koyoto theng bidang pertanian, bidang olahraga, bidang perkebunan, peternakan, pemerintahan, nganti bab utowo perkawis seng rodo amis mambunipun ugo kasebar cepet theng loro deso meniko ( deso paitan kaleh deso gesikan ). Nek wong liyo sangking daerah njobo, arah jaluripun tiang meniko bakale nemuni deso paitan riyen, banjur ketemu pertelon seng wonten sd paitan 2, pertelon meniko lajeng ngaler, dugi pertelon pertama meniko sampun dugi wilayah deso gesikan.
Deso gesikan nek sangking lafal pengocapan meniko sami kaliyan lafal / pengucapan ingkang tiang wargi deso paitan ucapaken ( khususipun deso paitan sebelah kilen ), amargi sangking seringipun le sesrawungan. Theng saben srawung, theng kebon srawung, theng ratan srawung, theng pasar srawung, theng lapangan srawung, theng pundhi kemawon srawung.
Alhamdulilah, sampun dangu sanget mboten nate mireng antarane wargi tiang paitan niku ribut/ acroh datheng wargi tiang gesikan. Nek riyen2 wektu taksih kathah lare lare alit dugi ageng ingkang taksih acroh/ribut antaranipun deso paitan kaleh deso gesikan.
Mergi perkembangan pendidikan lan perkembangan kabudayan ingkang sakmeniko sampun maju, inggih meniko factor ingkang ageng dados pengarus kangge sesrawungan ingkang sae dateng deso paitan kaleh deso gesikan. Sakmeniko lare lare roto roto sampun sami sekolah sangking sekolah paud – sekolah tk – sekolah sd – sekolah smp – sekolah sma, namung sakedik lare ingkang mboten sekolah, meniko roto2 mboten amargi mboten wontenipun ragad/nopo biaya, namung amargo lare meniko bandel / mblubud amargo kegowo lingkungan ingkang mboten sae.
Mugo2 sesrawungan ing wargi deso paitan kaleh deso gesikan tetep sae, langeng, saged mujudaken keekonomian ingkang sae, lajengipun saged tentrem, bahagia warginipun ing kaleh deso inggih meniko deso paitan kaleh deso gesikan.
Kangge tiang/lare perantauan ingkang sampun danggu mboten kondur theng ndesonipun, inggih meniko deso paitan menopo deso gesikan, sumonggo menowo wonten wedal lan sak liya-liyane kersoo kondur theng latar belakang ingkang sampun ndadosaken awake piyambak dados menopo sakmeniko.

Kathah kalepatan nyuwun ngapuro, salam sesrawungan kaleh sedoyo kemawon.

Ngapunten bosonipun theng mblasak mboten wonten aluripun.

Andriyadi, 19/03/2018

No comments: