Sunday, January 14, 2018

SINAU URIP

Mlakune salah siji karo liyane wong iku onone bedo lan werno werno. Mlakune iso podo nang arahe namung, prosese siji lorone iso bedo lan kadang ora gatuk babar blas.  Angele dadi wong urip, angele sinau dadi wong seng sak benere wong. Akeh banget wolak walike ati seng awake dhewe nglakoni. Tinemu seng sak niki dadi sek sakbenere bener miturut nalare dhewe, biso ora kanggo babar pisan nang wektu mengarep kanggo awake dhewe. Dadi kepastian bener niku ora biso dipastike saklawaase. Onone mung berubah ubah miturut pemahaman nalar awake dewe. Kuwi gumantung seko dasare ati lan pikiran nang wektu sakniki. Sak apik apike wong urip meniko seng saged jujur mituhu datheng awake piyambak, awake piyambak meniko ingkang maksudipun saking intine djati nipun wong urip. Angel pancen menopo ingkang seng  dikarepen asmane “ djati “, djati meniko barang seng pangonane ono ng jero seng paling njero saben2 wong urip. Ora sembarangan wong urip biso nemoni djatinipun piyambak - piyambak. Ono seng wes nemoni djatine miturut awake dhewe, namung akeh seng kliru angone ngarani nek barang kuwi arane djati. Dalan dowo prosese supoyo biso ketemu ingkang arane djati, inti sak inti intine barang software seng ono ng njero awake dhewe – dhewe. Proses seng ora ono pedote, sinau podo sinau, latihan terus terusan, njamin ora njamin mbuh biso ketemu seng diarani djati meniko mbuh ora, nek wes biso mendekati  ketemu kuwi wes iso diarani menungso seng apik, menungso seng resik, menungso seng manunggal karo awake dhewe, manungso seng mituhu karo awake dhewe.
Djati meniko ibarate obor ng wayah awan seng tetep murub, ibarate garis pathokan ng njero bunderan, ibarate lor kidule arahe wong mlaku, ibarate teteg banyu ng kali gede, ibarate wayah ing wanci subuh, kabeh wujude tindakan seng metu seko awake dewe meniko murni sangking asile olahan seko njero awake dewe, sanes seko olahane pihak njobo. Ngerti menopo seng kudu dilakoni lan kudu ditindakaken, tetep nglakoni mesti mboten wonten pengaruhe, mesti nglakoni mesti mboten diregani, mesti nglakoni mesti angel, mesti nglakoni. Djati kuwi wujude tindakan seng marai, sanes tindakan lantaran mergo, djati meniko jujur lan mituhu kaleh awake piyambak.

Sugeng rawuh djati, mugi saged dados obor, dados garise pathok, dados lor kidule mlakune wong seng lagi nglakoni sinau dadi wong urip. Amin….

No comments: