Sunday, April 17, 2016

SAPA SENG NGERTI ( MBOK )

Kiye dino, wes akeh seng diliwati, akeh seng rung ngerti koyo apa mbiyen mulo2ne seng wes dilakoni seko sejarah awal seng wes tau kaleksanan ing daerah kiye. Daerah seng jare pernah diliwati utowo wes tau dipanggoni dening kanjeng sunan kalijogo ( podo2 ra ngertine tur kur jare, nek kepingin ngerti temenan yo podo2 sinau sejarah_nek gi pas gelem) iki dadi dalan seng tak tekan mbesok rep tak lakoni ngo wektu2 ngarep urip ng ndunyo. Daerah seng jare ono kalen seng ngawe poro wali mergone tekan saiki ra tau ilang tur eseh ono kalene, mung bedone soyo cethek mergo ra tau di rumat. Nek miturut pakar irigasi yo kahanane saiki ra klebu saluran seng cocok nggo miline banyu. Ojo kaget nek ono salah siji utowo salah loro malah2 akeh wong nang daerah iki akeh seng eseh turunane kanjeng sunan  kalijogo ( yo kur mbedeg, sapa ngerti ). Deso iki saiki jenenge paitan, mbiyen ono aranedaerah krajan ( iso wetan lan kulon ) ono ugo pedukuhan lan daerah ngronggongan. Sopo ngerti pertelon lurung seng jare saiki akeh medine ( mbiyen saurunge akeh lampu pln ) mbiyen daerah kuwi dadi seng nggo ngaso utowo seng nggo nyusun strategi perange pangeran diponegoro. Sopo ngerti wong seng paling awal mbabad alas ng daerah krajan kuwi salah sijine wong seng niat ngolek ngilmu urip, sopo ngerti wong kuwi seko kerajaan mojopait_opo meneh jamane hayam wuruk lan patih gajah modo. Sopo ngerti daerah iki mbiyene daerah seng paling akeh nyumbang upeti seng paling akeh seko daerah liyane ng kerjaaan mataram.  Ugo sopo ngerti daerah iki daerah seng nggo ngrembug priwe carane kerajaan jawa hindu budha iso runtuh ng tanah jawi. Sopo ngerti daerah iki daerah seng nyumpang prajurit2 kerajaan jawa seng paling ampuh banding karo liyane.
Deso paitan seng saiki rasane eseh banget le kurang roso jawane, gotong royonge eseh ono pora yo ( kerigan dalan deso, dandan oloran, bedag tikus, lan liyane ), rodo kurang ngrumat_(salah siji utowo salah loro mungkin eseh ono seng gelem seng nguri2 ) seng wes tau ono lan dilakoni wong2 ng ndeso paitan. Jaran kepang turonggo  muda sekiye eseh mlaku, mugo mlaku tekan ngesok ngembem ben anak putu kabeh iso ngerti lan melo nguri2 onone kuwi. Kunthingan ? kesenian opo kuwi ? opo seng sholawatan jowo terus ono tabuhane klonengan jowo ?.  lumpang, poro, lesung? opo kuwi ?, Sendaren ? dolanan apa kuwi?
Deso paitan seng roto2 wong enome rung gelem nyemplung sawah melo buruh ngupoyo sego, luwih milih seng liyane seng jarene luwih apik lan luwih ngasilke ( termasuk enyong ). Jane yo kur priwe carane ndeleng sekabehane perkoro, dhuwur endepe perkoro kabeh seko umume nang kahanan ( termasuk seng kapusan seko carane ndeleng).
Deso paitan seng jaman mbiyene ora genah ( opo urung ngerti jane_mergo ra gelem ngluru jane seng kepriwe) alur seko mulo asale babad alas ( opo mungkin udu alas_mung pomahan suwung ), sopo seng ngerteni, sopo seng ngerteni kabeh mau, isone mung mbedeg karo mbedeg, karo ngedegke ati lan pikiran, yoiku jaman mbiyen ng ndeso paitan kuwi poro wali podo kumpul, ngrembug kahanan masyarakat jawi, priwe carane nyebarke agami, sak durunge kuwi mungkin poro biksu budha lan hindu podo nglumpuk ng daerah seng jenenge deso paitan iki kanggo nyebarke agami ugi. Kuwi udu yebar kebohongan utowo nipu salah sijine berita, iki mung priwe carane ngedegke pikiran lan ati kanggo anak putu kabeh seng ora nduweni fakta sejarah onone deso paitan. Mugi slamet dumatheng tiang sedanten deso paitan anggenipun nglampahi menopo ingkang dipun seng mogo kuwaos dawuh, menungso meniko naming manut menopo ingkang dipun dawuhi.

Akeh salahe lan akeh ngawure, sepurone ngeh.